Sejarahe Panganan Golak

Jaman penjajahan biyen, rombongan tentara Inggris arep nyerang benteng Van Deer Vijk nang Gombong. Pas tekan desa Gadungreja Klirong mandeg gisit merga kencoten.Critane arep njaluk sega meng warga ning urung mateng wong tesih lingsir wetan.

Tentarane nekad mlebu pawon, ujug2 weruh panganan mbene digoreng tesih anget tur empuk. Wujude mandan aneh tumrape wong sing urung tau weruh.

Ora let suwe, tentarane mangan gorengan karo mesem-mesem ngrasakna enak, gurih, empuk, nylekamin. Bar mangan wareg rombongan tentarane terus nutugna lakune meng Gombong karo baor-baor, “go..luck..go..luck..go..luck..!”

Ternyata setelah diriset aring wong sing ora perlu dipercaya,jebule panganan kuwe di gawe sekang parudan budin di goreng, wujude angka wolu (8) sing siki katelah GOLAK…..!

Kaya kuwe critane. Arep percaya ya ngonoh ora ya sukuuur. Wong nyong ukur nggedabruzzz……(kang rozie)

golak kebumen
golak kebumen

 

Administrator

Untuk bergabung dengan Grup Aku Cinta Kebumen di Facebook, silahkan masuk ke link ini => https://www.facebook.com/groups/48782182235/

3 Comments

Leave a Reply to kancane pawit Cancel reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *