Nasionalisme Ngapak

Inyong kiye wong merdekaIndonesia
Tangi saking persada lara
Ngadeg gagah nang pentas wira
Kepengin nebus medan laga

Lahir saking rasa kecewa
Keton gagah nang panggung perkasa
Kepengin mbela nasibe bangsa
Aja ngece inyong duwe negara

Pejabatku tukang korupsi
Tatanan negaraku abrasi
Tapi nang kene aku lahir
Nasionalismeku ora minggir

Arep tek tantang petualang negara
Sing terus gawe angkara
Nang ati semangat baja
Nang ragaku ksatria
Nggo mbebed lara

Aja maning mung malaysia
Australia sing gawe lara
Inyong udu hacker dunia maya
Patriotisme bisa mbakar angkara

(setra putumartha)

admin

Untuk bergabung dengan Group Aku Cinta Kebumen di Facebook, silahkan buka link ini => Aku Cinta Kebumen

2 Comments

Leave a Reply to Inyong Cancel reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *