Bakul Kebumen Seneng Nglomboni?

pasar-kebumenKenang apa ya, wong dagang gawene nglomboni wong tuku? Aja jengkel gisit. Kiye udu masalah rega, tapi labeling. Umpamane jambu bangkok. Jambu kluthuk gedhe-gedhe wangi kuwe udu sekang Bangkok, Thailand. Lha sekang endi? Kae lor. Karangsambung karo Sadang.  Semana uga gandhul california. Udu sekang karangan Lik Obama, Amerika Serikat, kan? Nyatane sekang Petanahan. Kebon ijo royo-royo, jan amba banget, sekang Ambal ngulooon terus tekan Puring. Nang apa kudu nglomboni wong tuku? Nang apa ora jujur bae sekang Petanahan?

Isih akeh maning contone. Omonge tahu sumedang, sing nggawe malah bocah Prembun, nganggo kedele impor sekang Amerika, ning asline sekang Brazil. Terus tempe mendoan sing nang pinggir tembok aring Gombong lor ndalan, jan-jane udu sekang Purwokerto.
Nang karung ana label beras pulen rajalele cianjur. Angger dibukak terus digegem, karo diambung, jan-jane beras sekang pari sedani alias cisadane. Nang endi-endi pada nandur pari cisadane ketimbang IR. Semono uga pitik bangkok sing didu nang kalangan, udu pitik Thailand tuliya?

Embuh merga globalisasi, embuh ora pe-de karo awake dewek, apa-apa kudu diomongna sekang luar negeri.
Apa angger diomongna pepaya californiasekang Bumen, terus ora payu? Urung karuwan, tuliya? Sapa ngerti malah laris. Masalahe, siki Kebumen duwe dagangan apa sing payu tur trademark khas Kebumen?
Lanthing utawa klanthing? Ah, Purworejo, Kutoarjo, Karanganyar, ya padha nggawe lanthing. Gula jawa utawa gula kelapa? Cilacap, Majenang, padha nggawe. Emping? Sami mawon. Nang endi-endi ana emping melinjo. Gaplek kecrek oyek? Halah, kejaba isin, uga ora ana nilai ekonomi.
Wis wayahe, anggota ‘Aku Cinta Kebumen’ pada kreatif nggawe apa bae. Sing penting nganggo label Kebumen, lan ora nglomboni. Hidup Kebumen! Hidup Pasar Kebumen!  (tulisane  :  Prasetyohadi Prayitno , dosen- bakul pawulangan, penulis, pokoke campur campur).

admin

Untuk bergabung dengan Group Aku Cinta Kebumen di Facebook, silahkan buka link ini => Aku Cinta Kebumen

4 Comments

Leave a Reply to luwukz Cancel reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *