Arti Andeng-Andeng

revalina_estematAndeng-andeng nang nduwur lambe, tiwas seneng jebul wis ana sing nduwe. Andeng-andeng nang ndhuwur pipi, tiwas mentheleng  jebul kana ora wedi. Andeng-andeng nempel nang bathuk, tiwas ngandel jebule ukur umuk. Kuwe kabeh mau sing jenenge parikan sederhana utawa pantun nek cara nang bahasa Indonesia. Parikan sing diawali nganggo tembung utawane ukara andeng-andeng mau jane akeh banget contone lan wis suwe dienggo nang masyarakat. Mestine sing nganggo ya kuwe masyarakat sing esih peduli karo bahasa Jawa lan esih ngrasa nduweni tur uga esih pada bangga karo bahasane dewek.

Leona-AgustineNang postingan kiye enyong ora garep mbahas bab parikan lan sastra Jawa sing kayane wis krasa asing lan luntur nang generasi mudane. Lunture sastra Jawa lan budaya Jawa nang generasi muda bisa merga kurikulum nang sekolahan sing wis ora pati serius, kebiasaan nang umah sing wis ora nggatekna bab budaya Jawa, ditambah lingkungan pergaulan utawa kanca dolan sing malah ngrasa isin lan ngrasa kuna nek nggawa-nggawa atribute mbah buyut Ajisaka lan nenek moyang wong Jawa mendhuwur. Mbuh lah sapa sing salah. Apamaning nek ngrasakna jaman siki, sing wis jelas salah lan sing kudune diselehna nang kunjara nek ora ya diempakna macan, be esih ana bae sing esih bisa pada ngguya-ngguyu lan plesiran (koruptor). Nglantur sedela rapapa lah, men bisa karo nggo mawas diri muga-muga enyong ora nganti ilang banget-banget gole marisi tinggalane mbah buyut Ajisaka lan leluhur Jawa mendhuwur, minimal esih bisa ngomong Jawa, mandan bisa ngomong ngapak, mandan ngerti bahasa krama, mandan bisa nulis Jawa, lan sitik-sitik esih mandan ngerti unggah-ungguh Jawa. Nang postingan kiye, enyong garep mbahas soal andeng-andeng (andheng-andheng) sing ana hubungane karo makna utawa arti andeng-andeng (arti tahi lalat) dikaitna karo letak utawa panggonan andeng-andeng nang awak. Postingan iki ora kena digugu lan dituhoni (gugon tuhon) banget-banget, anggep bae lah nggo sekedar pengetahuan utawa nggo guyonan bae.

Arti andeng-andeng miturut panggonane (letak) nang awak :
* mbun-mbunan (ubun ubun)  : materialistis, pelit, matre, mata duiten
* pelipis tengen : bisa dipercaya, pinter nyimpen wadi/rahasia
* pelipis kiwa : loman lan semedulur
* pelupuk mata tengen : baik budi
* pelupuk mata kiwa : akeh sing demen
* (ugel-ugel) pergelangan tangan tengen : amanah
* (ugel-ugel) pergelangan tangan kiwa : fanatik, sombong
* pipi tengen : rendah hati, ora sombong
* pipi kiwa : apikan lan nyenengna
* pucuk irung : ceplas ceplos
* dhuwur lambe tengen : seneng debat, ngeyel
* dhuwur lambe kiwa : pinter kekancan, grapyak
* ngisor lambe kiwa : cerewet, criwis
* ngisor lambe tengen : seneng ngobrol, emoh ngalah
* janggut tengen : akeh sing seneng, mempesona
* janggut kiwa : hemat, kalem, pendiam
* gulu tengen : kuat hati, teguh pendirian
* gulu kiwa : giat lan ora gampang mutung
* pundak tengen : jujur lan tanggung jawab
* pundak kiwa : kuat batine (firasate)
* dada tengen : ora tegelan
* dada kiwa : akeh sing seneng, naksir
* weteng tengen : gede nafsune (nafsu mangan, jabatan, dll)
* weteng kiwa : sabar lan tabah
* wudel : bejo, gampang rejekine
* weteng sisih ngisor tengen : gede nafsu kedonyan
* weteng sisih ngisor kiwa : seneng tirakat
* kemaluan sisih tengen : akeh sing demen
* kemaluan sisih kiwa : kuat macul 😀
* bokong tengen : akeh kancane / sumeh
* bokong kiwa : sregep kerja, cekatan
* pupu tengen : kuat kekarepane
* pupu kiwa : gampang dipercaya wong

Wis ngonoh bar maca artikel kuwe terus pada neliti awake dewek-dewek, sekirane ana sing letak utawa panggonane andeng-andeng ana sing pada karo artikel arti andeng-andeng, muga-muga bae pada sing apik-apik artine. Nek ana sing ndilalah letake pas nggon arti sing elek, ya tetep dijaga men aja nganti dadi elek sikape. Terus nek sekirane esih ana sing duwe andeng-andeng lan letake ora ana artine nang artikel, ya kari diartekna dewek ngonoh. Kaya enyong, duwe andeng-andeng letake nang sikil tengen, pas nang tengah-tengah antarane kemiren loro, golet nang primbon be ora nemu-nemu artine. 😀 (denbow)

admin

Untuk bergabung dengan Group Aku Cinta Kebumen di Facebook, silahkan buka link ini => Aku Cinta Kebumen

5 Comments

Leave a Reply to admin Cancel reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *