Takdir lan Wektu

enyong lara atiEnyong ora ngerti kenangapa
Sepi atiku
Kiye kabeh udu karepku
Kiye kabeh udu sing tak karepna
Enyong tetep ora ngerti kenangapa
Krasa sepi nang ati
Nanging enyong ora duwe daya

Ndilalah kebukak atiku
Limang wulan, methukna rasa kangen sing teka
Nanging tetep campur karo rasa sumelang
Siki kangenku methuk rasa tresna
Sing mungkin ditakdirna karo sliramu
Udu sekang karepku lan udu sekang penjalukmu
Kabeh takdire Gusti

Nanging, kenangapa kuwe kabeh mung sewetara
Tresna sing teka cepet banget lunga
Lungamu ninggal rasa tresnaku
Marakna lara lan perih nang atiku
Enyong kesiksa

Enyong kur bisa meneng lan nahan rasa
Rasa sing suwe-suwe njarem lan jeru
Nglangut, enyong nyawang fotomu
Sing mesem lan mrengut nang pikiranku

Lawang atiku sing kebukak sedela
Siki kudu kepaksa ketutup maning
Enyong kesiksa
Enyong sedih, duh Gusti
Enyong ora nyangka kenangapa dadi kaya kiye
Tresnaku kur sedela lan kudu kepisah

Enyong ora nyangka
Banget perih rasane nang atiku
Bener-bener perih
Kudu ngeculna sliramu
Nanging atiku tesih tresna, tesih demen
Kangen nang ati ora bisa ilang
Pliket, kaya pulut gori nang mburi umahku

Enyong kur bisa meneng lan nahan rasa
Takdir lan wektu, kenangapa kudu gawe enyong sedih
Bener-bener perih
Kudu ngeculna sliramu
Nanging atiku tesih tresna, tesih demen
Ngapunten, Gusti…

Puisi Ngapak tentang patah hati. (denbow)

admin

Untuk bergabung dengan Group Aku Cinta Kebumen di Facebook, silahkan buka link ini => Aku Cinta Kebumen

18 Comments

Leave a Reply to Kembang Cancel reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *