Sewu Tahun

Twilight Breaking Dawn Part 2Sewu Tahun (One Thousand Years versi Ngapak)
Jantunge enyong trataban banter
Werna-werna karo janji – janji
Kepriben men wani
Kepriben bisa enyong tresna nek enyong wedi lara ati?
Ningan weruh rikane dewekan
Kabeh mamang kuĀ  ujug-ujug dadi ilang
Selangkah lewih edek
Saben dina enyong kaya mati merga ngenteni rika
Tresnaku, ajah wedi
Enyong wis nresnani rika ewonan taun
Enyong garep tresna rika sewu taun maning
Wektu kaya mandeg mubeng
Kabeh babagan deweke endah banget
Enyong kudu wani
Ora bakal tek jorna kabeh mau ilang sia-sia

Apa sing ngalang-ngalangi nang ngarepe enyong garep tek adepi
Saben ambekan
Saben jam wis tekan kene
Selangkah lewih edek
Lan sak suwine kuwe enyong percaya bisa nemukna rika
Wektu wis nggawa atine rika maring enyong
Enyong wis tresna rika ewonan taun
Enyong garep tresna rika sewu taun maning
Selangkah lewih edek

Lan sak suwine kuwe enyong percaya bisa nemukna rika
Wektu wis nggawa atine rika maring enyong
Enyong wis tresna rika sewu taun
Enyong garep tresna rika sewu taun maning
(mutia)

Puisi Ngapak kiye digawe sekang Lagune Christian Perri sing judule One Thousand Years (Soundtrack Film Twilight Breaking Dawn Part. 2).

admin

Untuk bergabung dengan Group Aku Cinta Kebumen di Facebook, silahkan buka link ini => Aku Cinta Kebumen

3 Comments

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *